gravatar

Ilir Ilir Jowo


lir, ilir,lir, ilir,tandure wis sumilir
takijo royo-royo, taksengguh penganten anyar
bocah angon, penekna blimbing kuwi
lu, lunyu, ya penekna,kanggo masuh dodotira
dodotira, kumitir bedhahe pinggir
jumatana, dondomana, kanggo seba mengko sore
mumpung padhang, rembulane
mumpung jembar kalangane
ya suraka..., surak hore .Tandur sing ijo royo-royo iku sanepane bocah sing katon seger awake. Tandur iku terus kepiye ing sabanjure,bisa ngasilake woh (pari) sing mentes apa gabug. Iku kari gumantung ing pangrumate.( Sing kuwajuibanngrumat, ya sing nduwe tanduran, wong atuwane. Kepiye olehe ndhidhik,nggulawenthah, mulang-wuruk).
Senajan sing maune bocah iku ing sateruse dadi penganten (dewasa), iku ya ora beda kayadene bocah angon. Kaya isih boca sing,durung pinter, ndadak kudu angon...., hiya ANGON HAWA NAPSUNE. Angon hawa napsu iku banget angel,akeh lan gedhe pepalange, ora beda kaya menek wit blimbing sing lunyu, mlorat-mlorot.. Wohing blimbing plimpingane lima,ya lakonana sholat limang wektu, sranane. Angon hawa napsu sing memtokake beja lan cilakane urip.Yen bisa angon, ya beja, slamet uripe,kanthi nindakake sholat. Sholat ya kudu weruh dununge, weruh i inti maknane : dilakoni, diamalake. HABLUM MINANAS, HABLUM MINALLAH, gawe kabecikan marang sapepdhane urip lan bekti marang Pangeran,Allah Swt.Senajan bener wis nglakoni,nanging sing aran menungsa, ya isih kedunungan luput, kedunungan dosa awit wis kinodrat yen menungsa iku dudu makluk sing sampurna.Wis mesthi duwe salah, kanggonan dosa jroning angon hawa napsu sing pancen rumpil,angel. Dosane, ing tembang iku, disanepakake kayadene SUWEK DODOTE. Dodotiku sandhangane wong Jawa jaman biyen saka jaruit, dibebetake. ora beda kaya sing diagem Kanjeng Sunan Kalijaga. Suweke dodot sing KUMITIR BEDHAH pinggir, dondomana kareben ora katon ala,kanggo SEBA MENGKO SORE (bali menyang jaman akhir, marak seba ing ngarsane Gusti).
Mumpung saiki isih urip,mumpung isih padhang rembulane, ya enggala ndondomi sandhangane sing suwek iku. Nyuwun ngapura, tobat, saya ngakehi-akehi gawe kabecikan. Yen nganti kasep,rembulane wis surup, peteng, kok lagi eling durung dondom...,lha, kojur...Ora wurung enggone seba kanthi sandhangan suwek pating slawir,ala dadine... Nanging yen wis bisa tata-tata ing sadurunge, bisa slamet, tembunge : padhang dalane,

TV JTV Jawa Timur

Klik Di Bawah Untuk Pilih Warna








Jam Dan tanggal

Recent Post

Daftar Puisi